Kumpulan CERKAK Bahasa JAWA






Katresnan Sejati Ora Teka Bola Bali

Katrêsnan iku pancèn naté Ã¥nÃ¥.  RÃ¥sÃ¥ iku pancèn naté dak rasakaké. Aku ora bisa sélak… Aku ora bisa ngapusi atiku… Dhúh Gusti nyuwún pangapuntên déné raós punika taksíh njanggêt wóntên manah kulÃ¥ íngkang ringkíh.
“Dhík Santi, kapan têkamu…? Aku kók ora dikabari yèn sliramu arêp têkÃ¥…?” pitakóné nalikÃ¥ wêrúh aku nèng dalêmé Budhé, yÃ¥ Ibuné mas Pramónó.
“Lagi waé kók mas ….kirÃ¥-kirÃ¥ sakjam kêpungkúr”.
“Ã…pÃ¥ karo garwamu? Ndi aku péngín kênalan. Pas sliramu dadi mantèn kaé aku ora bisÃ¥ jagóng, amargÃ¥ tugas nyang luwar Jawa”. Mas Pram gagéyan mlêbu omah nggolèki bojoku …. nangíng nganti mubêng-mubêng ora kêtêmu.
“Lha êndi…?” takóné bali marang aku.
“SÃ¥pÃ¥ tÃ¥ mas síng panjênêngan golèki? Lha wóng aku têkÃ¥ ijên kók …!” kandhaku.
“Kók ngono? Ã…pÃ¥ garwamu sibúk, nganti ora bisa ngêtêraké sliramu réné…?!”
“YÃ¥ ora sibúk…. Nangíng ora Ã¥nÃ¥…!”
“Ora Ã¥nÃ¥ … piyé?”
“Ora Ã¥nÃ¥ wêktu kanggo aku…,” wang­sulanku rÃ¥dÃ¥ cuwÃ¥.
“Ah kók Ã¥nÃ¥-Ã¥nÃ¥ waé… Gèk kÃ¥yÃ¥ ngÃ¥pÃ¥ tÃ¥ gawéyan iku… Nganti tégÃ¥ nguci­wa­kaké adhiku síng ayu dhéwé ngéné iki…!” kandhané bantêr.
“Ã…pÃ¥ aku ayu tênan tÃ¥ mas…?” aku mbédÃ¥ mas Pram.
“Lha iyÃ¥ tÃ¥…. mósók yèn ora, aku nganti kayungyún… Nangíng trêsnaku ora naté éntúk ati…“
“Mak plêng rasaníng atiku, lÃ¥rååå…. bangêt….. Oh …. mas Pram. UpÃ¥mÃ¥ pan­jê­nêngan ngêrti sêjatiníng atiku…, sê­jatiníng rasaku… Alón lúhku tumètès…, nangíng énggal tak usap nganggo tangan…
“Mas ora usah nggodhÃ¥ aku kÃ¥yÃ¥ ngono. Njênêngan kuwi yÃ¥ Ã¥nÃ¥-Ã¥nÃ¥ waé. Aku mundhak têrsanjúng lho mêng…!” aku isíh mbudidÃ¥yÃ¥ ngguyóni.
Tênan yå mas aku nyuwún kanthi bangêt
Pancèn kabèh mau bênêr. Nangíng kêrsaníng wóng tuwÃ¥ síng ora bisa dak sélaki. Budhé ora kêrsÃ¥ yèn mas Pram jê­jodhowan karo aku mêrgÃ¥ isíh misanan. KamÃ¥ngkÃ¥ sêjatiné mas Pram kuwi putrÃ¥ angkaté Budhé.
Lha Budhé tansah nutupi marang såpå waé, ugå mas Pram, yèn mas Pram iku putrå pupón.
Dadi Budhé mati-matian mênggak iki kabèh, sênajan aku ngêrti yèn pênggalihé sêjatiné ajúr amargÃ¥ kudu maprasi  thu­kulé katrêsnan antarané aku lan mas Pram.
“Ã…jÃ¥ yÃ¥… ndhúk…, tênan Ã¥jÃ¥ yÃ¥… Émana marang Budhé…. mêsaknÃ¥ Budhé yÃ¥… Ã…jÃ¥ nganti mbók tÃ¥mpÃ¥ trêsnané masmu…. Iku ora apík, amargÃ¥ piyé-piyéå mas Pram iku kangmasmu dhéwé…“ Budhé tansah ngêndikÃ¥ mang­kono. Sêríng bangêt, nganti suwé-suwé aku risíh dhéwé.
Sêjatiné Ibuku wís pirsÃ¥ sakabèhé kuwi, nangíng yÃ¥ amargÃ¥ mêsakaké lan ngajèni pênggalihé Budhé, mulÃ¥ aku yÃ¥ didhawuhi ngêdóh sÃ¥kÃ¥ mas Pram. ”WístÃ¥ Ã¥jÃ¥ mbók turuti atimu. Énggal golèkÃ¥ pacar liyÃ¥ bèn pênggalihé Budhému ayêm…“ mangkono ngêndikané Ibu makapíng-kapíng.
Suwé-suwé aku yÃ¥ pasrah, sênajan sêjatiné atiku abót, abóót… bangêt. Aku ora bisÃ¥ ngapusi atiku, aku ora bisa sélak yèn rÃ¥sÃ¥ trêsna iku pancèn Ã¥nÃ¥. Bapak banjúr ngutús aku pindhah sêkolah mê­nyang kuthÃ¥ liyÃ¥ kang adóh sÃ¥kÃ¥ mas Pram karêbèn critané tamat lan sêminé ka­trêsnan ora tansÃ¥yÃ¥ ngrêmbuyung.
Róng taún sÃ¥kÃ¥ kuwi, aku duwé kê­nalan kang sajaké ngajak sériús.
YÃ¥ wís… sênajan ati iki isíh lÃ¥rÃ¥, nangíng aku kêpéngín nudúhaké marang sÃ¥pÃ¥ waé – utamané Budhé, yèn aku bocah kang “tahu diri”… bocah kang bisa ngêrtèni pênggalihé wóng tuwÃ¥. Mula sênajan lagi têlúng sasi nggónku kênalan, têrús diajak rabi, aku manút waé.
Pancèn tênan, ati iki ora bisÃ¥ gampang ditÃ¥tÃ¥. RÃ¥sÃ¥ iki ora gampang diapusi. Barêng wís nêm sasi aku omah-omah, ati­ku kÃ¥yÃ¥ suwúng …, sêpi… pêríh. SÃ¥pÃ¥ tÃ¥ sêjatiné síng manggón nèng njêro atiku? Mas Pram apa bojoku?
Ah… bingúng aku… Ladènanku kang adhêm gawé cuwaníng bojoku. Aku ora maido yèn dhèwèké dadi sêríng plêsír karo kanca-kancané. Arang mulíh, arang gunêman, yÃ¥… dadi arang sak kabèhé. Aku pasrah, aku ora duwé dÃ¥yÃ¥. Aku pancèn salah.
“Mas, aku arêp tilík wóng tuwaku yÃ¥…!” Aku pamít bojoku, aku kêpéngín golèk dalan kanggo mêtu sÃ¥kÃ¥ rÃ¥sÃ¥ bingúngku iki.
“YÃ¥wís… Níng aku sibuk ora bisa ngê­têr­aké …“ bojoku pancèn sabar síng sak tênané.
Bèn kuwi dadi rahasiaku dhéwé.
Sidané aku budhal dhéwé …, lan aku sowan Budhé. Aku kêtêmu manèh karo Mas Pram.
“Mas Pram, piyé yèn mêngko bêngi aku panjênêngan têraké mlaku-mlaku …? Wís kangên kutha iki…Wís suwé ora mulíh …. Níng yèn ora Ã¥nÃ¥ síng cêmburu lho…!”
“Ã…jÃ¥ anèh-anèh dhík … Síng cêmburu durúng laír, dadi tênang waé…“
“Kók isÃ¥ durúng laír tÃ¥ mas… ?”
“Lha iyÃ¥ tÃ¥… wóng trêsna sêjati ngono ora têkÃ¥ bola-bali…“
Atiku mak tratab.  Aku mênêng éthók-éthók ora krungu waé, angèl anggónku arêp mangsuli.
Sidané bêngi iku aku lan mas Pram mlaku-mlaku, kêmpút ngubêngi kuthÃ¥, nêkani panggónan síng biyèn naté dadi panggónan dolan. Dhúh Gústi…, kawulÃ¥ nyuwún pangapuntên. PunikÃ¥ sanès mblénjani janji…, punikÃ¥ sanès lampah sèdhèng, kawulÃ¥ namúng badhé padós margi, margi íngkang padhang kanggé kawulÃ¥ lan mas Pram.
“Mas…, sêjatiné aku arêp crita yèn sêjatiné atiku iki yÃ¥ lÃ¥rÃ¥… lÃ¥rååå bangêt lho mas…, nalikÃ¥ lungguhan, aku mbukak rêmbugan.
“LÃ¥rÃ¥ piyé dhík…? Ã…pÃ¥ garwamu ngla­rani atimu…?” mas Pram takón sajak kagèt.
“Dudu … dudu kuwi mas, aku yÃ¥ ngra­sakaké kÃ¥yÃ¥ síng panjênêngan rasakaké. Nangíng kabèh kudu dak sélaki…, kudu dak buwang adóh sênajan angèl… AmargÃ¥ aku kêpéngín ngajèni pênggalihé Budhé… !”
“Ã…pÃ¥ iyÃ¥ dhík…? Ã…pÃ¥ iyÃ¥ ngono…? Dadi saksuwéné iki kabèh dadi mistêri…, dadi sandiwÃ¥rÃ¥ …?”
“Tênan mas… Kabèh iki Ã¥jÃ¥ nganti Ã¥nÃ¥ síng mangêrtèni. Aku lan panjênêngan wís diwÃ¥sÃ¥, kudu bisa milah-milih êndi síng pantês lan síng ora pantês. Cukúp awaké dhéwé waé síng ngêrti. Gústi Allah ora saré kók, mugÃ¥-mugÃ¥  tansah paríng pêpadhang marang awaké dhéwé. Aku lêgÃ¥ mêrgÃ¥ panjênêngan wís ngêrti isiníng atiku síng sak tênané…. dadi Ã¥jÃ¥ nganggêp múng panjênêngan dhéwé síng lÃ¥rÃ¥, nangíng ayo lÃ¥rÃ¥ iki kita dadè­kaké pamêcút kanggo ngadêg luwíh jêjêg, mlaku luwíh bantêr lan nglairaké katrês­nan anyar, sê­najan múng di­lambari wêlas asíh marang liyan…“ tangísku ora kênÃ¥ dak êmpêt.
Mas Pram mlo­ngo, kêmbêng-kêm­bêng ora bisa wang­sulan.
“Tênan ya mas… Aku nyuwún kanthi bangêt, ayo nya­wang ngarêp… Ang­gêpên aku adhikmu tênan sê­najan gêtíh kita ora pÃ¥dhÃ¥. Golèk­nÃ¥ aku mbakyu kang bisÃ¥ dak dadèkaké pêla­buhanku, aku arêp nitipaké panjê­nêng­an…. kangmasku, supÃ¥yÃ¥ ditrêsnani kÃ¥yÃ¥ aku adhiné kang nrêsnani panjênêngan”.
Sêpi… ora ana manèh kang bisÃ¥ dak ómóngaké, atiku wis plóng!
Yå iki síng dak péngini. Nutúp crita lawas lan mbukak lakón anyar.
Sésuké aku bali…, bali marang bojoku priyÃ¥ kang kudu dak trêsnani, sênajan múng lêlambaran wêlas asíh. AmargÃ¥ katrêsnan sêjati pancèn ora têkÃ¥ bola-bali.





Balapan

            Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji ingkang ngumur sewelas tahun  utawa kelas lima SD. Amerga wis ngrasaake kepenake nunggang motor, dadi kebiasane Aji yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut Negara sing oleh numpak montor iku tiyang kang uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi.
            Ing wayah sore, Fatih kancane aji moro ing ngomahe.
            “Ji, aji…aji….” Fatih bengak-bengok ing ngarep omahe Aji.
            “ Woi…..dilit” suarane Aji saka njero ngomah.
            Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih .
            “Wah…. Iki apa sek tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih.
            “He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!!”
            “Wuuuuu…..awak wae sing digedeke, pikiran ya digedeke !”calethune Fatih.
            “ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?” pitakone Aji.
            “Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor. engko balapan wis, gelem ra?”jawabe Fatih karo cengar-cengir.
            “Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas bro.”
            “Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe.”
            “Apa hubungane ro ciduk???”
            “Ha…ha..ha… dingo adus.” Jawabe fati karo nguyu cekikikan.
            Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetoake motore. Treng…treng…teng….teng…teng…suarang motor jet collede Aji lan Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune aji Pas lagi duka.
            “Siap rung tih?”pitakone Aji kang wos siap arep balapan.
            “ Siap ndan.” Wangsulane Fatih
            “Siji…loro…telu…”
            Treng …..treng….teng….teng…..aji lan fatih pada banter-banteran numpak montorr mubeng ndesa. Wong loro kuwi pada selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan lorenzzo.
            Ana ing pertelon aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some. Aji kaget banget,dheweke bingung lan gugup.
            “Lik….lik….lik…awas”
            Grubyuk,klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur.
            “kepriye tha le…? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye nek ngeneki?”pituture bakul some.
            “ Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang kaweden.
            “Saiki daganganku uwis ora payu,amerga someku tak tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”
            “Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.”
            Ahire Aji lan Fatih tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak sewau. Sakwise kajadian kasebut Aji lan Fatih uwis ora wani nupak motor banter-banter.


Share This Article
Komentar Anda